Majalah Gembala – Basa Jawa
SUMBER SEMANGAT
Bagian 31
(Andreas Hutomo)
- Akeh-akehe wong nyenengi kaum kang ringkih, nanging ngetutake kaum kang kuwat. Tetepa mbela wong-wong kang ringkih apa wae kahanane.
Kebanyakan orang lebih menyukai kaum yang lemah, tetapi mengikuti kaum yang kuat.
Tetaplah membela orang-orang yang lemah apapun keadaannya.
- Menungsa butuh banget bantuan, nanging bisa wae wong-wong mungsuhi kita nalika kita nyoba aweh bantuan mau. Mula tetep bantunen wong-wong kuwi apa wae kahanane.
Manusia perlu sekali akan bantuan, tetapi bisa saja orang-orang memusuhi kita ketika kita mencoba memberikan bantuan tersebut.
Oleh karena itu tetaplah membantu orang-orang tersebut apapun keadaannya.
- Tumindaka sing becik marang menungsa, mula kowe bakal nelukake atine.
Merga satemene tumindak kang becik kuwi nelukake atine menungsa . . .
Bertindaklah yang baik terhadap sesama manusia, maka kamu akan menaklukkan hatinya. Karena sesungguhnya tindakan yang baik itu menaklukkan hati manusia . . .
- Tumindaka sing becik yen kowe nduweni kemampuan lan kalodhangan, merga kalodhangan lan kemampuan ora sateruse bebarengan klawan menungsa.
Bertindaklah yang baik kalau kamu mempunyai kemampuan dan kesempatan.
Karena kesempatan dan kemampuan tidak selalu bersamaan dialami manusia.
- Wong sing ora mbok arep-arep salame bakal nyapa lan nyalami awakmu.
Yen ora merga dhuwit mula ora ana siji wae wong sing nyapa awakmu . . .
Orang yang tidak kamu harapkan salamnya akan menyapa dan memberikan salam kepadamu. Kalau tidak karena uang maka tidak satupun orang yang menyapa dirimu . .
- Ora ana kanca kang bisa tansah ngancani kita sasuwene dalan urip iki. Kepara ayang-ayang kita dhewe wae bakal ilang nalika mendhung teka utawa wengine ngegla.
Tidak ada teman yang bisa selalu menemani kita sepanjang perjalanan hidup ini.
Bahkan bayangan kita sendiri saja akan hilang ketika mendung datang atau malam tiba.
- Apa sing mbok tindakake kanthi tulus, kuwi kang bakal dadi kanca uripmu.
Sateruse bakal tansah bebarengan, nganti enteking wektu.
Apa yang kamu lakukan dengan tulus, itu yang bakal menjadi teman hidupmu.
Seterusnya bakal selalu bersama-sama, sampai waktunya habis.
- Apa-apa kang ana ing ngalam donya iki ora ana kang diciptakake tanpa guna.
Tansah ana hikmah ing suwalike prastawa. Mung wae kita butuh kawicaksanan luwih jroning mawas bab kasebut.
Apapun yang ada di dunia ini tidak ada yang diciptakan tanpa ada gunanya.
Selalu ada hikmah dibalik peristiwa. Hanya saja kita perlu kebijaksanaan lebih ketika melihat hal tersebut.
- Saben wong mesti tau nindakake kesalahan. Mung wae yen kita ngetogake, ateges kita nindakake kesalahan kang kapindho. Dadi, ngetogake kesalahan kasebut mujudake kesalahan dhewe.
Setiap orang pasti pernah melakukan kesalahan. Hanya saja kalau kita membiarkan, berarti kita melakukan kesalahan yang kedua kali. Jadi, membiarkan kesalahan tersebut merupakan kesalahan tersendiri.
- Ora ana gunane nggetuni bab ala kang kedadeyan. Luwih becik kita nindakake apa-apa kanggo ngawekani, senajan cilik pisan. Jer, katimbang misuhi pepeteng, luwih becik nguripake sawijining lilin cilik kang bisa gawe pepadhang.
Tidak ada gunanya menyesali hal buruk yang terjadi. Lebih baik kita melakukan apapun untuk mencegahnya, meski kecil sekalipun. Daripada mengumpat kegelapan, lebih baik menghidupkan sebuah lilin kecil yang bisa memberi terang.
*sumber Panjebar Semangat