SUMBER SEMANGAT Bagian 34

Basa Jawa – edisi Mei 2021

SUMBER SEMANGAT
Bagian 34
(Andreas Hutomo)

  • Wong sing ora tau tiba dudu ateges wong sing kuwat. Wong sing kuwat yakuwi wong sing tansah tangi saben dheweke tiba.

Orang yang tidak pernah jatuh bukan berarti orang yang kuata. Orang yang kuat yaitu orang yang selalu bangkit setiap jatuh.

  • Kita ora bisa ngendaleni omongane wong liya marang kita, nanging kita bisa ngendaleni omongan kita kanggo wong liya.

Kita tidak bisa mengendalikan omongan orang terhadap kita, tetapi kita bisa mengendalikan omongan kita kepada orang lain.

  • Lesan kuwi yen direpotake kanggo ngucapake bab-bab kang ora ana paedahe mula sing duwe lesan kuwi ora bakal duwe kabisan kanggo ngucapake bab-bab kang mumpangati, kejaba yen lesane diresiki luwih dhisik saka baba-bab kang ora perlu.

Mulut itu kalau disibukkan untuk mengucapkan hal-hal yang tidak ada manfaatnya maka yang punya mulut itu tidak punya kemampuan untuk mengucapkan hal-hal yang bermanfaat, kecuali kalau mulutnya dibersihkan lebih dulu dari hal-hal yang tidak perlu.

  • Kita ora dituntut kanggo bisa nyenengake sapa wae, nanging kita diprentahake supaya ora nglarani sapa wae.

Kita tidak dituntut untuk menyenangkan siapa saja, tetapi kita diperintahkan agar tidak menyakiti siapapun.

  • Urip mujudake laku kang dawa kang kudu diisi lan diliwati kanthi sakehing kabecikan.
    Yen kita tansah wicaksana, mula kita bakal akeh oleh simpati.

Hidup merupakan perjalanan yang panjang yang harus diisi dan dilalui dengan segala kebajikan. Kalau kita selalu bijaksana, maka kita akan banyak mendapat simpati

  • Yen kita tansah semangat, mula kita bakal tansah aweh inspirasi.
    Yen kita tansah andhap asor, mula kita bakal dadi wong kang disungkani.

Kalau kita selalu bersemangat, maka kita akan selalu memberi inspirasi.
Kalau kita selalu rendah hati, maka kita akan menjadi orang yang disegani.

  • Yen kita tansah jujur, mula kita bakal dadi wong kang dipercaya.
    Yen kita seneng welas asih, mula ing ngendi wae kita bakal kayoman.
    Yen kita seneng loman, mula kita uga bakal murah rejeki.

Kalau kita selalu jujur, maka kita akan menjadi orang yang dipercaya.
Kalau kita suka berbelas kasih, maka dimanapun kita akan terlindungi.
Kalau kita suka memberi, maka kita juga akan murah rejekinya.

  • Wong kang ikhlas yakuwi wong kang bisa mesem ing nalikane ketaton.
    Wong kang sabar yakuwi wong kang bisa muji syukur ing nalikane rasa gela ora tau mendha. Wong kang gedhe imane yakuwi wong kang bisa legawa nalikane kekuwatiran teka.

Orang yang ikhlas yaitu orang yang bisa tersenyum ketika mengalami pencobaan.
Orang yang sabar yaitu orang yang bisa bersyukur ketika rasa kecewa berkepanjangan.
Orang yang tebal imannya yaitu orang yang bisa legawa ketika kekhawatiran datang.

  • Ana rasa kang ora kacecep ilat, iku mono katulusan.
    Ana senggolan kang ora krasa dening kulit, iku mono asih tresna.
    Ana kahanan batin kang ora kepikir dening uteg, iku mono kesadaran.

Ada rasa yang tidak terkecap oleh lidah, itu adalah ketulusan.
ada singgungan yangtidak terasa oleh kulit, itu adalah kasih saying.
Ada keadaan batin yang tidak terpikir oleh otak, itu adalah kesadaran.

  • Ana swara kang ora keprungu ing talingan, iku mono swara batin
    Ana wujud kang ora kasat ing mata, iku mono pikiran.
    Ana ganda kang ora kambon ing grana, iku mono kabecikan.

Ada suara yang tidak terdengar oleh telinga, itu adalah suara batin.
Ada wujud yang tidak kelihatan oleh mata, itu adalah pikiran.
Ada bau yang tidak tercium oleh hidung, itu adalah kebaikan.   

 

*sumber Panjebar Semangat